kwd wilbar 3 juli 2010

kwd wilbar 3 juli 2010
photo album

Selasa, 25 Mei 2010

NULAD DHUMATENG SUMUYUDIPUN SANG RATU INGKANG NDHATENGAKEN KAWILUJENGAN

Renungan dening: kang PUTRA

Waosan : Yokanan 12:9-36

Nats      : Yokanan 12:26 

 

       Pasamuwan kinasih;

Punapa ingkang wonten ing panggalih panjenengan nalikanipun mireng tembung ratu/raja? Satunggaling piyantun ingkang kagungan pangwaos awit nguwaosi  wewengkon mirunggan, kados dene ratu Mataram, nguwaosi wewengkon Mataram. Piyantun ingkang kagungan pengaruh awit pakaryanipun ingkang nate katindakaken, kados dene ratuning gali berok ingkang boten nate saged dipun kawonaken. Piyantun ingkang  kinurmatan agung awit nggadhahi kalenggahan, kados dene ratu Elisabeth ing Inggris. Tiyang ingkang titihanipun sarwa …, lsp.? Mbok manawi pamanggih-pamanggih kala wau boten klentu, saha sami kaliyan punapa ingkang dados pamanggih lan pangraosing tiyang-tiyang Yahudi ingkang sami ndherekaken saha methukaken Gusti Yesus ing wegdal semanten.

Tiyang-tiyang Yahudi, kalebet para sekabatipun Gusti Yesus ingkang sami nate mangertosi pakaryan mujizatipun; sami nganggep bilih Gusti Yesus punika ratuning Israel, mila sami surak-surak “Hosana! Binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmaning Pangeran, Ratunipun Israel!” Nalika sami surak-surak, lajeng tiyang kathah sami dene methukaken Gusti Yesus ingkang kaanggep ratu. Malah boten namung tiyang Yahudi ingkang methukaken, nanging ugi wonten ing perangan wau tiyang-tiyang Yunani (ayat 20).

Lajeng kados pundi ingkang dados tanggapaning Gusti Yesus nalika dipun arak saha kaanggep dados ratunipun Israel? Pancen Gusti Yesus ngandika “Wus tekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake.” (ayat 23) Nanging estuipun ingkang dipun kersakaken dening Gusti Yesus bab kaluhurake boten ateges dipun arak lajeng nampi kaluhuran arupi kekahan dados retuning Israel. Ingkang dipun kersakaken dening Gusti Yesus bab kaluhurake boten sanes “dene Aku, samasa wus kesengakake saka ing bumi” (ayat 32) ingkang ateges pratelan patrap bakal sedanipun Gusti Yesus (ayat 33). Patrap bab sedanipun Gusti Yesus kanthi panandang kasangsaran ingkang sanget, kados ingkang kaweca ing Yesaya 50: 4-6, ingkang dados pawartos sih rahmat kangge kita ing pangibadah puika.

Gusti Yesus boten lajeng kedanan dhumateng kekahan dados ratuning Israel kathi dipun arak saha suwanten surak-surak “Hosana! Binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmaning Pangeran, Ratunipun Israel!” Kamangka ing jagad punika boten sekedhik tiyang ingkang kepingin dipun anggep berjasa, dados pahlawan, lajeng gila hormat, lsp. Kenging punapa Gusti Yesus boten kedanan bab kekahan ratuning Israel? Awit Gusti Yesus sumuyud (taat) dhumateng Sang Rama, saha ingkang katindakaken dede kangge kaluhuran pribadi nanging kaluhuraning Sang Rama. Kados ingkang kacetha ing ayat  27-28a; “Saiki nyawaku trenyuh. Lan Aku bakal matur apa? Dhuh Rama, Paduka mugi ngluwari Kawula saking wegdal punika? Ora, awit iya iku prelune anggonKu teka ing wektu iki. Dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken asma paduka!”

Pramila Gusti Yesus dahwuh dhumateng para tiyang ingkang nganggep Panjenangipun punika ratu ing ayat 26; “Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut buria Aku lan ing ngendi padununganKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga” Tegesipun saben tiyang ingkang mitadosi bilih Panjenenganipun punika ratu lan Gusti Allah, katimbalan kangge nulad dhumateng pakaryan pangurbananipun kangge kawilujengan saha tentrem rahayuning jagad. Dumateng tiyang ingkang purun nulad badhe dipun mulyakaken dening Sang Rama. Kado pangandikanipun “dheweke bakal diajeni dening Sang Rama” (ayat 26b).

Makaten timbalanipun Gusti Yesus kangge kita sadaya ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun. Inggih punika supados kita nladhani bab sumuyudipun (ketaatan) Sang Ratu sanadyan ngantos ngurbanaken diri kangge mujudaken kawilujengan saha tentrem rahayuning jagad.

Manawi ing ngajeng kula atur gegambaran bab retuning gali berok, boten ateges kula nyamekaken Gusti Yesus kaliyan ratuning gali berok. Nanging sadar punapa dene boten kita pancen nganggep Gusti Yesus boten benten kados retuning gali Berok. Nalikanipun kita mireng kae retuning gali Berok, kita lajeng ajrih lan ngatos-atos nalika sesambetan kaliyan piyambakipun. Kamangka ingkang dipun kersakaken dening Gusti Yesus dede ajrih dhumateng Panjenenganipun, ananging purun nulad bab pakaryan sumuyudipun ingkang ndhatengaken kawilujengan saha tentrem rahayuning jagad.

Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar