Karacik dening: Pdt. Riagung Putra Nugraha, S.Th.
Katrangan Purwaka
Ing Padatan Umum[1]; Urip ing bebrayatan ngadheg iku klebu prakara kang penting. Wong loro dipitaya ing Allah, didhawuhi ngrewangi nyipta, ngreksa lan ngupakara urip anyar. Yen olehe ngandheg lagi sepisanan, nalika kandhegan umur telung sasi dipengeti nganggo slametan. Yen kandhegan umur pitung sasi utawa luwin sethitik, umume wong padha nganakake slametan maneh, luwih gedhe tinimbang kang dhisik. Sing wadon adus nganggo banyu saka tuk pitu, utawa adus kali, salin tapih warna pitu, lan slametan tumpeng ya pitu.
Tata panembah panuwun sokur nalika kedhegan umur 7 sasi iki, kagawe kanggo ngawekani manawa ing sanyatane isih akeh wong Kristen sing nganakake mitoni, sanadyan akeh sing padha ora ngreti maknane. Tata panembah iki kagawe kanthi ancas migunakaken kabudayan supaya bisa kagunakake kanggo kamulyaning Gusti sarta menehi pangaji marang para titahing Gusti.[2] Dene olah-olahane kanthi migunakake cara[3]:
- Ngajeni kabudayan sing ana
- Asikep kritis marang kabudayan sing ana
- Ngenerake filosofi kabudayan sing ana marang keyakinan Kristen
Ujube Upacara
1. Ngaturke panuwun marang Gusti anggone
2. Nyuwun berkah amrih gangsar olehe nglairake besuk.
Ubarampene Upacara
Sanadyan ora kudu, nanging minanga pralambang saha kanggo negesi kaleksanane upacara apike kacawisake ubarampen ing ngisor iki:
1. Tumpeng sapta-nugraha; yakuwi tumpeng kang cacahe pitu mralambangi Sih Dalem Hyang Roh Suci, Rohing Allah ingkang maha suci. Mengku teges: mugi lare ingkang wonten kandhegan kapenuhana nugrahaning Roh Suci.
2. Jenang procot; yakuwi jenang sungsum didokoki gedhang (raja utawa kapok) wutuhan.
3. Jongkong; yakuwi telo puhung diparut didokoki gula sisiran diwungkusi cilik-cilik, didang.
4. Inthil; yakuwi glepung gaplek/ utawa ketan, diuyahi diwenehi utawa tanpa gula, diinthili banjur didang.
Jenang procot, jongkong, lan inthil mralambangi panyuwunan supaya lahiring jabang bayi kanthi gampang, kaya dijongkongake mrocot lan ora suwe ari-ari sumrinthil nututi.
5. Sega Megana (saka termbung marga ana); yakuwi sega pulen lawuh kuluban, bumbu megana (parutan klapa, teri goreng,
6. Sega golong limang iji; yakuwi sega pulen diwangun bunder, gedhene kira-kira sakepel.
Sega megana lan sega golong limang iji kadadekake siji. Sega megana ateges marga ana utawa margine kasembadan panyuwunipun. Sekul golong 5 iji mralambangi pribadine manungsa dhewe-dhewe. Miturut ngelmu kejawen (filsafat jawa) manungsa kuwi dititahake dening Gusti Allah lumantar bapa-biyunge kanthi rerangken kang ana 5 yakuwi; kakang kawah, adhi ari-ari, tali puser, getih (rah), lan
Sega golong 5 iji manunggil dadi siji karo sego megana ngemu teges; kita kang padha kumpul bisaa golong-gilig, tunggal karsa sembahyang marang kang Mahakwasa, bisaa dadi margane sedulur sing ngandheg kasembadan panyuwune.
7. Banyu talon lan kepur; yakuwi banyu bening dicemplungi kembang telon (kenanga, kanthil, mawar/mlati) kanggo ngepyur-epyuri sing lagi ngandheg, pasamuwan, lan dhedaharan sing ana. Mralambangi lubering berkah saking Gusti, Hyang Allah Tunggal ingkang apribadi tiga, inggih Hyang telu-teluning atunggal, Hyang Trimulya ingkang linangkung (yakuwi Allah Sang Rama, Sang Putra, lan Sang Roh Suci)
8. Dhaharan liyane sakersa; mung minangka jejangkep pasugatan sing padha sembahyang.
Lakuning Upacara
(ing ngisor iki minangka conto ing upacara mitoni kandhegane ibu Woro Dyah HK, Kebonagung, 15 Agustus 2009)
1. Pambuka
Wakil sing kagungan dalem, nerangake perlune para sedulur diaturi nglumpuk, ngumumake yen upacara arep diwiwiti, saha ngaturi pemimpining umat kangge mimpin.
2. Kidung Pambuka – KPK BMGJ 35:1,2,3
3. Pandonga Pambuka
4. Kidung Panyuwunan 1 – KPK BMGJ 36:1,2
5. Maknani Saben Pralambang
6. Kidung Panyuwunan 2 – KPK BMGJ 36:3
7. Pangandika Suci – Lukas 1:46-55
8. Kidung Panyuwunan 3 – KPK BMGJ 36:4
9. Pandonga Panuwun Sokur lan Panyuwunan Berkah Kanggo Sing Lagi Ngandheg
10. Kidung Panyuwunan 4 – KPK BMGJ 36:5
11. Pangaken Pitados Rasuli
12. Berkahan Kinanthi Kepyuring Banyu Telon.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar