Dening: kang PUTRA – GKJ Mijen Klasis Purwodadi
Waosan Kitab Suci : Yokanan 14:8-20
Punapa ta ingkang dipun kajengaken dening manungsa nalika nglairaken tembung “marem“? Tembung “marem” punika kados-kados dados titikan kangge tiyang ingkang sampun nggayuh utawi manggihaken punapa ingkang dipun idham-idhamaken. Umpaminipun nalikanipun ing antawis kita kepingin sanget ngraosaken swieke. Sesampunipun saged ngraosaken swieke, kados-kados kita sampun nggayuh utawi manggihaken punapa ingkang dados pepinginan kita. Ananging manawi kita raosaken kanthi langkung lebet, punapa saestu kita sampun rumaos marem nalika sampun nedha swieke? Punapa benjang boten badhe kepengin malih kangge nedha swieke? Temtunipun boten, awit ngenjang inggih badhe kepengin malih nedha swieke. Punika estunipun lajeng mbikak pangertosan kita, bilih tembung “marem” ingkang kaucapaken dening manungsa namung sagedhagan utawi dede marem ingkang sanyatanipun. Mbok manawi ingkang kalampahan namung raos “lega ing sakedheping netra”.
Waosan kita sesambetan kaliyan pangandikanipun Gusti Yesus dhumateng para sekabat bab “Daleme Sang Rama” ing Yokanan 14:1-4. Sesampunipun Tomas nglairaken kabingunganipun bab “Daleme Sang Rama” ingkang dipun pangandikakaken dening Gusti Yesus, Filipus nyambeti kanthi munjuk supados dipun tedahi Sang Rama dening Gusti Yesus kanthi ancas sesampunipung dipun tedahi badhe rumaos marem (ayat 8). Manawi jaman sapunika mbok manawi ingkang dipun suwun dening Filipus, mbok kula dituduhi gambar/photo napa swantene kemawon, supados kula yakin estu bilih Sang Rama punika wonten. Punapa malih jaman sapunika rak jaman teknologi canggih; Gusti Yesus saged nedahi gambar/photonipun Sang Rama lumantar HP, kamera, Facebook; utawi sa’boten-botenipun lajeng Filipus dipun teleponaken supados mireng suwantene Sang Rama lajeng pitados.
Punapa Gusti Yesus lajeng paring panjawab ingkang dados panyuwunanipun Filipus supados dados marem? Kula kinten, awit Gusti punika kagungan pangwaos, manawi karsa kok nggih saged kemawon lajeng paring ingkang dados panyuwunaning Filipus kangge mangertosi Sang Rama supados marem. Malah mesthinipun boten sisah ngentosi ing jaman teknologi canggih ingkang migunakaken HP, kamera, facebook, telepon kados sapunika, Gusti Yesus kagungan kwaos kangge nedahaken iki lho swarane utawi iki lho gambare. Nanging punapa Gusti Yesus maringaken ingkang dipun suwun dening Filipus? Ing waosan kita dipun cariyosaken Gusti Yesus malah melehaken Filipus anggenipun boten wanuh dhumateng Gusti Yesus minangka Gustinipun (ayat 9). Kanthi tembung sanes ‘saben dina kumpul wae isih ora weruh’. Estunipun Gusti Yesus boten paring punapa ingkang saged dados kamaremaning Filipus lan kanca-kancanipun. Manawi kita jinglengi pangandikanipun ing ayat-ayat salajengipun Gusti boten nate paring panjawab kangge kamaremaning Filipus sakanca. Malah mbok manawi saking pangandikanipun Gusti Yesus bab Sang Rama damel Filipus sakanca dados bingung, mangu-mangu saha nglambrang ing kapitadosan. Mbok manawi ingkang dipun batin dening Filipus sakanca; aku iki ora mangerti tenan bab Sang Rama mula aku nyuwun ditedahi bab Sang Rama nanging malah diwelehake. Durung maneh jare Sang Rama ana ing aku lan aku ana ing Sang Rama, kok pangandikane Aku lunga ing ngarsane RamaKu. Piye ta, mbingungke tenan.
Satunggaling pasinaon wiwitan ingkang kita panggihaken sanadyan para sakabat tetep kanthi bingung, mangu-mangu saha nglambrang ing kapitadosan inggih punika: Gusti Yesus mboten ngersakaken kagunganipun namung pitados kanthi nguja raos kamareman ingkang sagedhagan utawi sakedheping netra kemawon. Mbok manawi ing antawising tiyang Kristen utawi tiyang pitados nalikanipun nglampahi gesang kapitadosan ing salebeting pangibadah, pandonga, nglairaken kekidungan, lsp. ugi boten sekedhik ingkang madosi “marem” ingkang estunipun namung lega “sagedhagan” – “sakeheping netra” kalawau. Aku marem yen kebaktian nyanyine nganggo band utawi nganggo gamelan. Aku marem yen ndongane nganggo basa jawa. Aku marem yen ana bahasa Roh. Lsp. Ingkang pantes dipun engeti bilih sadaya wau estunipun namung sarana kangge kapitadosan kita ingkang boten saged nggantosi kapitadosan. Kita gesang pitados ingkang kita padosi rak kalanggengan utawi kaswargan? Kalanggengan utawi kaswargan punika rak estunipun trep kaliyan ingkang dipun pangandikakaken dening Gusti Yesus bilih “Ing daleme RamaKu akeh panggonan” ing Yokanan 14:2.
Manawi para sakabat taksih sami bingung, mangu-mangu saha nglambrang ing kapitadosan, punapa Gusti lejeng kendel lan mboh mau? Mboten. Gusti mboten ngersakaken manawi para sakabat lan kagunganipun namung bingung, mangu-mangu punapa dene nglambrang ing kapitadosan. Pramila Gusti Yesus lajeng paring Juru Panglipur inggih punika Rohing Kayekten (ayat 16). Inggih punika Roh ingkang badhe nedahaken bab margining Kayekten. Roh ingkang nedahaken margi kangge manggihaken bab samukawis-prekawis ing kapitadosan ingkang kalanipun damel bingung, mangu-mangu, saha nglambrang. Kanthi Roh punika para sekabat lan tiyang pitados badhe katedahan bab wadining kaswargan ingkang dipun idham-idahamaken. Nanging para sekabat lan tiyang pitados mboten saged secara otomatis ngraosaken pakaryaning Sang Roh. Pakaryane Sang Roh namung badhe saged dipun rasoaken nalika kita ing panjenenganipun tuwin panjenenganipun ing kita (ayat 20).
Punapa ta tegesipun kita ing Panjenenganipun tuwin Panjenenganipun ing kita punika?
Kadang pasamuwan ingkang kinasih.
Kangge mangertosi kita gesang ing Panjenenganipun tuwin panjenenganipun gesang ing kita punapa mboten, kita ginakaken gegambaran punika. Saupami kita mendhet sela lan toya ing gelas. Lajeng selanipun kita lebetaken ing toya kalawau. Punapa sela punika ing salebeting toya? Inggih. Punapa toya ing salebeting sela? Mboten. Awit manawi sela dipun angkat lajeng dipun pecah perangan sela ingkang nglebet boten wonten toyanipun. Ing perangan sanes kita mendhet kapas lan kelebetaken ing toya wau. Punapa kapas ing salebeting toya? Inggih. Punpa toya ing salebeting kapas? Inggih. Awit nalika kapas kita anggkat saha kita cuwil-cuwis ing salebetng kapas karesepan toya. Pramila kapas ing salebeting toya lan toya ing salebeting kapas.
Asring ingkang kalampahan tiyang Kristen punika gesang ing Panjenenganipun nanging Panjenenganipun boten gesang ing tiyang kalawau. KTP saha pangakenipun tiyang Kristen. Manawi dinten Minggu nggih tindak Greja. Manawi pakempalan panyuraos Kitab Suci utawi Pakempalan Pandonga ugi tindak. Nanging lampah gesangipun babar pisan mboten ngristeni, awit mboten nate purun dipun ewahi dening Sang Roh ingkang makarya ing gesangipun. Gesang namung migunakaken cara gesang umuming manungsa ing jagad, mboten migunakaken cara gesang Sang Roh ingkang estunipun sampun dedalem saha makuwon ing tiyang Kristen ingkang nampi prasetyan baptis.
Pramila pakaryanipun Sang Roh namung badhe saged dipun rasoaken nalika kita ing panjenenganipun tuwin panjenenganipun ing kita.
Amin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar