kwd wilbar 3 juli 2010

kwd wilbar 3 juli 2010
photo album

Selasa, 25 Mei 2010

YASA OMAH

Renungan Pecawisan Mantu dening: kang PUTRA

Waosan Kitab Suci: Jabur 127:1

Kidung jiarah anggitané Suléman. “Menawa dudu Allah kang yasa omah, tanpa gawé tukangé olèhé nggarap. Menawa dudu Allah kang ngreksa marang negara, tanpa gawé wong jaga anggoné melèk.”

 

                        Miturut tiyang jawi, salah satunggaling darmaning ngasepuh (kuwajibaning tiyang sepuh) inggih punika ningkahaken (ngomah-omahke) anak. Malah awit anggenipun kepingin dados tiyang sepuh ingkang tanggel-jawab, mboten sekedhik tiyang sepuh ingkang ngetog kekiyatan anggenipun miwaha ningkahing anakipun.  Mila lajeng wonten unen-unen ‘mantu’ ingkang jarwa dhosokipun ‘sing dieman metu’. Nanging, sanadyana sampun ngetog kekiyatan lan sing dieman kabeh wis metu, kadangkala taksih wonten kemawon ingkang kirang.

            Pramila prayogi manawi kita mireng piwucal saha pepemutipun Suleman ing Jabur 127:1 “Menawa dudu Allah kang yasa omah, tanpa gawé tukangé olèhé nggarap. Menawa dudu Allah kang ngreksa marang negara, tanpa gawé wong jaga anggoné melèk.” Sinten ta Suleman punika? Tiyang ingkang kaparingan kawicaksanan saha kaagem dening Gusti. Kenging punapa sinebut wicaksana? Awit ngraosaken kaparingan kawasisan (kapinteran) saha kajangkepan kawicaksanan dening Gusti Allah. Mila anggenipun mimpin bangsa Israel lajeng dipun enut dening kawulanipun. Wonten ing ngriku lajeng katingal bentenipun antawisipun  tiyang wasis (pinter) kaliyan tiyang wicaksana. Tiyang wicaksana mesthi wasis (pinter), nanging manawi tiyang wasis (pinter) dereng tamtu wicaksana.

Tiyang mantu utawi ngomah-omahke putra punika kados dene tiyang ingkang nembe mbangun utawi yasa omah. Lumantar piwucalipun Suleman punika kita kaengetaken bab sinten ta kita punika? Saha kados pundi kedahipun kita nglampahi gesang? (sesambetan kaliyan darmaning ngasepuh ningkahaken putra utawi mantu). Suleman tiyang wicaksana ingkang kaagem dening Gusti Allah, nembe ngengetaken bilih kita punika estunipun namung titah saha Gusti Allah ingkang kwaos. Kagambaraken kanthi pangandika: “Menawa dudu Allah kang yasa omah, tanpa gawé tukangé olèhé nggarap. Menawa dudu Allah kang ngreksa marang negara, tanpa gawé wong jaga anggoné melèk.” Tegesipun kita punika sedaya namung tukang (pekerja), saha Gusti Allah punika bendara ingkang nembe yasa omah. Kita punika namung security (tukang jaga) lan Gusti Allah ingkang kagungan dalem ingkang kita jagi. Sanadyan anggen kita ngetog kekiyatan ngantos “mantu’ sedaya sing dieman metu nalika ngomah-omahaken putra, nanging manawi Gusti Allah boten hamberkahi nggih nglaha (sia-sia). Lajeng kados pundi supados diberkahi? Jawabipun: nyuwuna berkah dhumateng bendara (Gusti Allah) saha manuta dhumateng ingkang yasa. Ampun manut ing pikajeng piyambak, nanging manut dhumateng sadaya karsanipun ingkang bendara inggih punika Gusti Allah piyambak.

            Dhumateng ingkang kagungan karsa kanthi nimbali sanak-kadang, tangga-tepalih saha kanca-kanca ing wanci dalu pecawisan neningkahan punika; nyuwuna berkah namung dhumateng Gusti Allah, saha manuta dhumateng sadaya karsanipun Gusti Allah.

Dhumateng kita, sanak-kadang, tangga-tepalih, saha kanca-kanca ingkang sami kaundang ing dalu pecawisan neningkahan punika; sami nyengkuyunga lan nyuwunaken berkah kagem ingkang badhe mantu. Supados ingkang mantu kasagedaken ngraosaken berkahipun Gusti saha manut dhumateng saben karsanipun Gusti.

Amin.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar